Selasa, 24 November 2015

Wejangan Urip

Wong iku, kudu sumeleh mareng Gusti, manut kersane pengiran, kudu nduwe i'tiqod seng kuat mareng pengiran, ojo ojo luweh percoyo mareng penggaweyane ketimbang nggandole mareng gusti. Ojo pisan pisan gumantung mareng makhluq, makhluq iku ma siwalloh. Penggaweyan iku yo makhluk... Mangkane gumantungo mung karo Gusti. Khudzil asbab wala ta'tamid alal asbab...Jupuken jalaran rizqi, ananging ojo gumantung mareng jalaran.

Kabeh iku kersane Gusti... Wong pengin entok rizqi mabsut yo gak iso nek ga den kersakno Gusti. Rizqi wes ono seng ngatur, mangkane wong mondok pirang-pirang taun kok belajare fiqh thok yo balik ngomah bingung. Wedi kate nikah arep diwehi mangan opo bojone. Seng dipikir aku kate kerjo opo. Yo kerjone santri sak wuse muleh ora ono liyo yo ngadep dampar, ngaji, nyebarno ngelmu. Mengko rizqi teko-teko dewe. Santri muleh, pengin rabi yo wes madep mantep mangan melu moro tuwo. Ngono wae wes beres.

Dadi wong iku ora usah neko-neko, nrimoho opo seng dadi piwewehe Pengiran. Wong kuno kuwi uripe podo ayem soale ora neko-neko. Seng penting iso mangan ngono kuwi wes syukure mareng Pengiran ora ono padane.

Dadi urip iku ojo digawe susah. Di syukuri opo anane. Ora usah aneh-aneh nuruti nepsu seng ora ono entheke. Ndunyo kuwi mung sedelok. Ojo ngorbano akhirot nek mung gawe mburu senenge urip ono ndunyo.

Mangkane nek nggolek bojo iku seng ora seneng karo dunyo. Soale sak begja-begjane wong, wong seng nduwe bojo ora sirep mareng gumebyare urip. Iku jenenge bojo seng biso ndadeaken tentreme manahmu.

Tapi yo dene bojo wadonmu ngomelan, kowe yo seng sabar, Sayyidina umar iko nek diomeli bojo mung meneng ora nglawan. Dadine rumah tangga kuwi biso den jogo sampe akherot. Iku jenengane maqom wali. Lha dene bojo lanangmu kok ngaplokan yo seng sabar, mugo-mugo kowe entuk maqom waliyah.

Menungso iku kabeh karep kekarepane den ijabah mareng Gusti. Tapi yo ngono, Gusti iku paring mareng kito opo seng dedi apik kanggo kito, ora mung kanggo nuruti kekarepane kito. Lha apik mungguhe Gusti iku kadang ora podo karo apik mungguhe manungso. Mangkane kito kabeh kudu sabar lan nyongko bagus mareng Pengiran. Iku seng ndadeake ati ayem.

Rino wengi, 24 Nov 2015

Tidak ada komentar:

Posting Komentar